Kangmas soho Diajeng, sekalian...
Nyuwun pangapunten njiih...menawi angsal kulo ajeng badhe tangklet, angsal to?njih suwun;)
Kinten-kinten, FBI utawi bekpeker Jogja Besar (Jogja, solo, klaten, lan sak panunggalepun) setuju nopo mboten menawi rencang-rencang sedanten ketemuan bareng?hayo pripun sami setuju to punopo mboten?
Kaping kalihipun, wonten sing gadah usul nopo mboten, saestunipun babagan puniko ajeng sami-sami dipun rembag sesarengan wayah nopo?wektunipun kapan?
Ingkang kaping ketigo, njih babagan puniko wonten sing siap dados panitia nopo mboten, menawi wonten,langsung kemawon usul teng mriki nggih poro sederek.
Kulo kinten cekap semanten riyen, angenipun kulo ngusul, menawi katah lewat mbok bilih nyuwun agunging pangapunten. Menawi basa jawi kulo mboten sae, hanjih kulo nyuwun pangapunten kemawon,njih poro sederek, maklum kulo niki nembe kewaregen sate je.
Njih, dipunsumanggakaken menawi wonten usul njih poro sederek;)
................................................................................................
Kulo jengkar saking pangenan rumiyen, nun inggih...nun inggih.....
Silakan login atau mendaftar untuk mengirim komentar